Senin, Agustus 09, 2010

Dari Dongkal Sampai Pajak

Ini rekaman obrolan saya dengan Ibu.

Pripun van?
Alhamdulillah sae.
Ibu teng pundi seniki?
Ibu mah ning Bogor.
Teng griyae mas Ian?
Iya.
Lik Mang sih?
Lik Mang mah lagi ning bis.
Saking Jogja?
Ya iya. Toli sing endi?
Aih, dereng dugi teng Bogor tah?
Durung. Sira titip buku pira, van?
Sekawan
Aih, mung papat anue mah?
Nggih.
Ku sih jare lik Mang akeh banget.
Hmmm,,, ya lik Mang niku mah.
Sira beli melu lik Mang bae.
Mboten ah. Nggarap skripsi.
Ya wis.
Bu, pertanyaane Ivan pripun?
Pertanyaan endi?
Wau enjing kah…
Pertanyaan apa sih? Ora kelingan.
Jabur. Jabur napa namine?
Jabur sing kayangapa?
Gunungan.
Digawe`e sing apa sih?
Saking terigu tah tepung beras, duka.
Anu, orog-orog?
Sanes.
Dongkal.
Haha,, nggih dongkal. Ivan saged kelingane mah disukani jabur saking rencang. Saking ketan kados kupat diiris-iris kuh napa namine?
Oh, lupis.
Nggih, lupis dicampur gatot.
Masih wonten mboten nggih, bu, dongkal?
Ning endi?
Teng Dermayu.
Ya masih. Tapi sokat ana sokat beli. Baka panen mah sokat laka, sing dagange repot. Sira pengen dongkal tah?
Nggih. Hehe,,,
Ya mulane balik.
Hehe,,
Va, motor wis dipajaki durung.
Wingi pun pajak tahunan jeh, masa kon pajak malih.
februari orah, kudue?
Niki, Maret sampun.
Oh, uwis? Ya wis, syukur.
Ibu mah, pemerintah kuh haram mungut pajak kuh.
Haram,, haram,, urusan dunya kien mah. Wis aturane pemerintah.
Urusan dunia gah, cape kanjeng Nabi mboten angsal jeh… Ya ibue ngenging rido. Bagen baya gah ngenging rido.
Dadi bayare karo nggrundel?
Ya nggih. Sareng mrengut bila perlu mah.
Ya engkoe beli oli pahala kuen mah.
Ya mboten, malah angsal pahala. Yang kemungkaran kuh kudu diingkari jeh…
Dadi “nyah! Enak bae sira kuh. Motor motor dewek, oli goleti dewek, dijaluki duite.”
Nah, nggih… hehe,,
Ya wis ya, Van? Bokat entek.
Nggih.
Assalaamu ‘alaikum..
Wa’alaikumussalaam warahmatullaah..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar